Selasa, 26 April 2016

Geguritan

Gambaran penguripan

Apes....
Apes tenan nasib iki
Dina iki lagi nandhang apes
Dadio pengalaman kang bisa di emut
Kekarepan tetulung
Aku dadi kepenthung
Uripku dadi gruwung
Niat becik, ala kang katrima

Dunya akhirat ilang sak nalika
Kapribaden mulya ilang ora ana rega
Kanca, kluarga bisa dadi rubedha
Angridu marang lelatining jiwa manungsa
Kanca cerak dadi crah
Kluarga cedak dadi bubrah
Jiwa lan raga dadi ora katata
Jalaran rasa rasaning manungsa

Rasa curiga marang wong liya
Rasa ora seneng marang bebrayan
Rasa kang ora iso dadi tuladha
Tuladhaning  manungsa kang ana dunya 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar